Campursari
Campursari iku sawijining jenis tembang cara Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik
modern.Campursari kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning
lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari
bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar
gendhing, bawa, umpak-umpak, lan sanes-sanesipun. Tokoh campursari sing
kondhang, yaiku Manthous saka Gunung Kidul.Katitik
saka instrumen kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepenak
dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni
seni campursri. Instrumen campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano lan gitar.Lelagon
campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanane. Padatan
campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku mantenan,
sunatan, tasyakuran lan liya-liyane.Campursari uga asring dianggo dening
pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalane.
budayakan campursari .!!??
BalasHapus